Senin, 04 Desember 2023

Basa Rinengga

 

BASA RINENGGA

 

Basa rinengga kuwi basa kang direngga, rengga tegese paes. Basa rinengga tegese basa sing dipaesi utawa dipacaki supaya luwih apik, endah, merbawani (berwibawa), lan ngresepake. Basa rinengga biasane nganggo tembung kawi sing sok-sok angel dingerteni tegese. Biasane, basa rinengga dianggo sajrone karya sastra, upacara adat, wayang, kethoprak, lan kadang-kadang uga dianggo ing pasrawungan (percakapan) saben dina.

Basa rinengga sing bakal dibahas ing kene yaiku paribasan, bebasan, lan saloka.

1.   Paribasan, yaiku unen-unen sing ajeg panganggone (tetap penggunaannya), mawa teges entar (berisi makna kiasan), lan ora ngemu teges pepindhan (tidak berisi pengandaian).

Tuladha:

a.       Adigang-adigung-adiguna, tegese ngendelake kakuwatan, kaluhuran, lan kapinterane.

b.      Anak polah bapa kepradah, tegese tingkah polahe anak dadi tanggung jawabe wong tuwane.

c.       Kebat kliwat, gancang pincang, tegese tumindak kanthi kesusu asile ora bakal maremake.

2.    Bebasan, yaiku unen-unen sing ajeg panganggone (tetap penggunannya), mawa teges entar (berisi makna kiasan), lan ngemu teges pepindhan (berisi pengandaian/perbandingan), sing dipindhakake utawa dibandhingake yaiku kahanan lan sipate manungsa.

Tuladha:

a.       Nglungguhi klasa gumelar, tegese mung kari nemu penake tanpa melu rekasane.

b.      Nututi layangan pedhot, tegese mburu barang sepele sing asile ora sumbut karo rekasane.

c.       Suduk gunting tatu loro, tegese tumindak ora bener pisan, njalari kapitunan rong jinis.

3.    Saloka, yaiku unen-unen ajeg panganggone (tetap pengunannya) lan ngemu teges pepindhan (berisi pengandaian/perbandingan), sing dipindhakake utawa dibandhingake yaiku wonge. Biyasane nganggo pepindhan (pengandaian/perbandingan) kewan utawa barang.

Tuladha:

a.       Asu belang kalung wang, tegese wong asor nanging sugih bandha Donya.

b.      Cebol nggayuh lintang¸tegese wong mlarat nduwe gegayuhan (impian) sing mokal kasembadan (tidak mungkin tercapai).

c.       Kacang ora ninggal lanjaran, tegese sipate ana kora beda adoh karo sipate wong tuwane.

Persamaan lan perbedaan:

 

Paribasan

Bebasan

Saloka

Unen-unen sing ajeg panganggone

Mawa teges entar

(berisi makna kiasan)

-

Ngemu teges pepindhan (berisi pengandaian/perbandingan)

-

(sing dibandhingake kahanan & sipat)

(sing dibandhingake wonge)

Wacan Teks Dheskripsi "Gunung Bromo"

 



Gunung Bromo yaiku sawijining obyek wisata gunung ing Jawa Timur sing banget nengsemake tumrap para wisatawan dhomestik lan wisatawan saka manca negara. Gunung Bromo dumunung ing wilayah pamarentahan Propinsi Jawa Timur kang dumadi saka patang wilayah, yaiku kabupaten  Probolinggo, Pasuruan, Lumajang lan Malang. Dhuwure gunung Bromo yaiku 2.392 meter saka lumahe segara. Gunung Bromo minangka obyek wisata kang wis misuwur ing saindenging donya didadekake icon wisata dening pamarentah propinsi Jawa Timur.

Gunung Bromo tansah dadi papan kang nyenengake, jalaran duwe pemandangan kang ora tinemu ing panggonan liya. Gunung Bromo kinupeng segara wedhi kang jembare kurang luwih 10 km persegi, misuwur anane sunrise sing saben-saben dienteni dening para wisatawan. Ing pucuke gunung Bromo katon kawah sing ajeg nyemburake geni lan kukus, nduweni dhiameter kurang luwih 800 meter yen diukur saka arah lor nganti sisih kidul, lan kurang luwih 600 meter saka arah wetan nganti pinggire kawah sisih kulon. Ana papan sing dianggep mbebayani tumrap pengunjung, yaiku papan radius 4 kilometer saka kawah.

Obyek wisata gunung Bromo klebu wewengkon Taman Nasional Bromo Tengger Semeru. Tumuju menyang gunung Bromo sing paling kepenak kawiwitan saka Penanjakan. Ing Penanjakan para wisatawan bisa ndeleng sunrise utawa prastawa mletheke srengenge sing sesawangane endah lan nengsemake. Sabanjure bisa nerusake laku menyang kawah gunung, bisa mlaku bisa uga nyewa jaran utawa jeep supaya ora kesel. Nalika ngliwati segara wedhi bisa ndeleng bangunan papan ibadahe suku Tengger sing ngilut agama Hindu. Bangunan kasebut diarani Pura Luhur Poten.