Kamis, 13 Juni 2013

Puisi


SAHABAT TERBAIKKU 



Sahabat ...
disaat kita nikmati kebersamaan banyak hal yang terlewatkan begitu saja
keceriaan, canda, dan tawa semuanya mengalir begitu saja
waktu yang tersisa seolah tak mampu menampungnya dan waktu yang sangatlah singkat membuatku teringat kepadamu sahabat ..
Semua kenangan - kenangan itu tak terasa ,pergi meninggalkan segala kegembiraan
serta canda dan tawamu satu persatu hilang sekejap mata
ada beribu senyum saat terlintas memori yang dulu kala
Sahabat ...
semua yang pernah kita jalani hari demi hari , waktu demi waktu telah kita lalui semuanya.
Banyak hal yang pernah terjadi karena itulah jalan hidup yang kita miliki
kadang benci, kesal ,dan kecewa serta rasa senang dan sayang
sungguh luar biasa , apa yang telah kita lalui bersama ..
Ya Tuhan ...
jagalah dan lindungilah
sahabat-sahabat ku
karena mereka adalah sahabat terbaiku selamanya

# MY BEST FRIEND FOREVER

Senin, 03 Juni 2013

Puisi



DIRIMU YANG SATU

 


Andai kau tahu …
Apa isi hatiku ini
Apa yang ku rasakan saat ini
Jika kau bisa merasakan
Ku mohon balas rasa ini!
Ku mohon ungkapkan rasa yang ada di hatimu!
Andai kau tahu...
Hanya dirimulah yang ada di hati..
Hanya namamu yang terukir di jiwa ..
Hanya wajahmu yang ada di bayanganku...
Dirimu yang satu ...
Telah menebar cinta di hatiku
Telah membagi rasa indah di hati
Walau hanya aku yang merasakan
Cinta itu timbul ...
Saat ku lihat dirimu
Dan tiba-tiba saja rasa itu timbul
Di hati ku.......karna hanya dirimu di hati ...

Sabtu, 30 Maret 2013

Pengalamanku


REKREASI MENYANG WBL





Aku sakanca budal menyang Wisata Bahari Lamongan (WBL)  jam 04.00 esuk. Tekan WBL langsung diajak menyang rumah makan. Lan nyerbu panganan kang wus disiapake. Amarga ing perjalanan ora ana camilan. Sawuse kabeh mari, langsung nuju arena dolanan. Disik dewe aku lan kanca-kanca mlebu rumah sakit hantu. Ing jero peteng banget. Aku wedi. Ing kono ana memedi-memedian. Angger memedine obah, aku kang dadi sasaran amarga aku urutane mburi dewe. Sawise metu saka rumah sakit hantu, aku dolanan mobil-mobilan, renang, lan mlebu ing rumah air. Pranyata rumah air ora kaya sing dakbayangake. Ing rumah air kaya hutan. Ana uga jembatan. Wektu banyu saka pancuran mili, aku nginggati banyu iku. Amarga nginggati banyu iku, aku kepleset lan sandhalku pedhot. Akhire aku mulih ora nggawe sandhal. Amarga ora ana wong kang dodol sandhal. Wayah panas pisan…. Sikilku rasane kaya dipanggang ana oven.


Rabu, 27 Maret 2013

Cerpen



ORANG UTAN & KETHEK
 



M
angsane ketiga dawa. Wit-witan ing tengah alas padha mranggas kanggo njaga kauripane supaya luwih dawa umure. Pang-pang akeh sing garing. Woh-wohan arang kang uwoh. Sing uwoh paling mung gedhang. Ngono wae goleke ngudubilah angele.
Isuk iku watara jam sanga esuk, Orangutan tangi saka paturon & golek pangan. Orangutan ora wani glantungan ana pang wit amarga kawit dek wingi durung mangan apa-apa kajaba godhong garing.
“Arep menyang ngendi, Orangutan?”, sapane Kethek karo sumendhe ana wit kanthi lemes.
“Mbuh, Thek. Aku yo bingung arep golek pangan menyang ngendi.”, wangsulane Orangutan karo lungguh secedhake Kethek. “Thek, kowe wis sarapan apa durung?”.
“Wis!”, jawabe Kethek alon, nanging kaya temenan.
“Wis? Sarapan apa? Mbok yo aku diwenehi sethithik.”.
“Sarapan angin. Lek pingin nyeroto dhewe!”.
“Asem! Dakkira bubar sarapan temenan. Wis uwis aja guyon wae, gek ndang budhal yo!”.
“Arep golek pangan menyang ngendi, Orangutan?”.
“Ya wis mbuh, saparan-paran. Sing penting ikhtiar.”.
Orangutan ngeadeg, nuli jumangkah. Kethek ora ngalih saka panggone. Weruh kancane kaya ngono Orangutan mandheg & noleh menyang mburi.
“Kowe melu apa ora, Thek?”.
“Ora. Awakku lemes banget.”.
“O… Yo wis…”.
Lagi sawetara jangkah, Kethek bengok-bengok njaluk dienteni. Sawise ketututan Orangutan & Kethek mlaku bebarengan. Orangutan ana ngarep & Kethek ana mburi. Kekarone ngliwati kali sing garing. Kala-kala ana banyune kang butheg. Ing sacedhake kali, Orangutan & Kethek nemokake bathang Siamang.
“Nasibe awake dhewe mbesuk apa ya kaya ngono, Orangutan?’, pitakone Kethek.
Orangutan mesem. “Kabeh kewan ing alas bakal kaya ngono. Malah luwih nrenyuhake. Awit ora suwe maneh anak turun kita bakal cures & mung kari crita…”.
“Kok bisa?”.
”Alas kang sadurunge ketel & ijo royo-royo, saiki dadi gedhung bertingkat. Lek wis kaya ngono, awake dhewe arep manggon neng ngendi?”.
“Terus sapa ngono iku sing salah?”.
“Kabeh iku nyata saka kasrakahane manungsa. Nanging tangeh lamun manungsa gelem ngakoni kesalahane.”.
Orangutan &Kethek meneng, mlebu ing angen-angene dhewe-dhewe. Praupane Kethek dadi anclum.
“Ora usah wedi, Thek. Gusti Allah iku ora sare. Sapa sing gelem ikhtiar bakal kasembadan sekabehe. Perkara urip & mati iku urusane Kang Kuwasa.”, tuture Orangutan.
Orangutan & Kethek nerusake lakune. Lek sawetara jangkah, kekarone nemokake wit gedhang kang lagi uwoh. Orangutan & Kethek mung mangan sacukupe & disisakake kanggo sesuk.
Ing satengahe laku, kekarone ketemu Lutung & anake lagi nangis.
“Ana apa kok kowe nangis?”, pitakone Orangutan.
“Wis seminggu iki aku & anakku during mangan.”, jawabe Lutung alon banget, meh ora keprungu.
Orangutan &Kethek ngulungake gedhange marang Lutung. Nanging duweke Kethek ora diwenehake kabeh. Sabubare iku, ing tengah dalan, wajahe Kethek malih njabrut.
“Kena apa kowe, Thek?”, pitakone Orangutan.
“Mosok Lutung iku diwenehi nanging ora maturnuwun.”, jawabe Kethek mangkel.
Orangutan ngguyu kemekelen. “Lek niyat tetulung iku sing ikhlas, aja ngarep-arep pinwales. Lek ora ikhlas dadine yo ngono kuwi, lucu. Wong tumindak becik kok serik.”.
Kethek meneng & mikir apa kang diomongake Orangutan mau tibake ana benere.
“Nyangapa gedhangmu kokwenehake marang Lutung kabeh? Sesuk sampeyan mangan apa?”.
“Sebab gedhang mau luwih gedhe tegese kanggo Lutung. Perkara aku sesuk mangan apa, kuwi Gusti Allah kang ngatur.”.

Krungu omongane Orangutan, Kethek dadi sadhar. “Oh iya… Ya… Kelakuwanku ngene iki rak kuwalik. Tumindak becik kok serik….”.