angsane ketiga dawa.
Wit-witan ing tengah alas padha mranggas kanggo njaga kauripane supaya luwih
dawa umure. Pang-pang akeh sing garing. Woh-wohan arang kang uwoh. Sing uwoh
paling mung gedhang. Ngono wae goleke ngudubilah angele.
Isuk
iku watara jam sanga esuk, Orangutan tangi saka paturon & golek pangan.
Orangutan ora wani glantungan ana pang wit amarga kawit dek wingi durung mangan
apa-apa kajaba godhong garing.
“Arep
menyang ngendi, Orangutan?”, sapane Kethek karo sumendhe ana wit kanthi lemes.
“Mbuh,
Thek. Aku yo bingung arep golek pangan menyang ngendi.”, wangsulane Orangutan
karo lungguh secedhake Kethek. “Thek, kowe wis sarapan apa durung?”.
“Wis!”,
jawabe Kethek alon, nanging kaya temenan.
“Wis?
Sarapan apa? Mbok yo aku diwenehi sethithik.”.
“Sarapan
angin. Lek pingin nyeroto dhewe!”.
“Asem!
Dakkira bubar sarapan temenan. Wis uwis aja guyon wae, gek ndang budhal yo!”.
“Arep
golek pangan menyang ngendi, Orangutan?”.
“Ya
wis mbuh, saparan-paran. Sing penting ikhtiar.”.
Orangutan
ngeadeg, nuli jumangkah. Kethek ora ngalih saka panggone. Weruh kancane kaya
ngono Orangutan mandheg & noleh menyang mburi.
“Kowe
melu apa ora, Thek?”.
“Ora.
Awakku lemes banget.”.
“O…
Yo wis…”.
Lagi
sawetara jangkah, Kethek bengok-bengok njaluk dienteni. Sawise ketututan
Orangutan & Kethek mlaku bebarengan. Orangutan ana ngarep & Kethek ana
mburi. Kekarone ngliwati kali sing garing. Kala-kala ana banyune kang butheg.
Ing sacedhake kali, Orangutan & Kethek nemokake bathang Siamang.
“Nasibe
awake dhewe mbesuk apa ya kaya ngono, Orangutan?’, pitakone Kethek.
Orangutan
mesem. “Kabeh kewan ing alas bakal kaya ngono. Malah luwih nrenyuhake. Awit ora
suwe maneh anak turun kita bakal cures & mung kari crita…”.
“Kok
bisa?”.
”Alas
kang sadurunge ketel & ijo royo-royo, saiki dadi gedhung bertingkat. Lek
wis kaya ngono, awake dhewe arep manggon neng ngendi?”.
“Terus
sapa ngono iku sing salah?”.
“Kabeh
iku nyata saka kasrakahane manungsa. Nanging tangeh lamun manungsa gelem
ngakoni kesalahane.”.
Orangutan
&Kethek meneng, mlebu ing angen-angene dhewe-dhewe. Praupane Kethek dadi
anclum.
“Ora
usah wedi, Thek. Gusti Allah iku ora sare. Sapa sing gelem ikhtiar bakal
kasembadan sekabehe. Perkara urip & mati iku urusane Kang Kuwasa.”, tuture
Orangutan.
Orangutan
& Kethek nerusake lakune. Lek sawetara jangkah, kekarone nemokake wit
gedhang kang lagi uwoh. Orangutan & Kethek mung mangan sacukupe &
disisakake kanggo sesuk.
Ing
satengahe laku, kekarone ketemu Lutung & anake lagi nangis.
“Ana
apa kok kowe nangis?”, pitakone Orangutan.
“Wis
seminggu iki aku & anakku during mangan.”, jawabe Lutung alon banget, meh
ora keprungu.
Orangutan
&Kethek ngulungake gedhange marang Lutung. Nanging duweke Kethek ora
diwenehake kabeh. Sabubare iku, ing tengah dalan, wajahe Kethek malih njabrut.
“Kena
apa kowe, Thek?”, pitakone Orangutan.
“Mosok
Lutung iku diwenehi nanging ora maturnuwun.”, jawabe Kethek mangkel.
Orangutan
ngguyu kemekelen. “Lek niyat tetulung iku sing ikhlas, aja ngarep-arep
pinwales. Lek ora ikhlas dadine yo ngono kuwi, lucu. Wong tumindak becik kok
serik.”.
Kethek
meneng & mikir apa kang diomongake Orangutan mau tibake ana benere.
“Nyangapa
gedhangmu kokwenehake marang Lutung kabeh? Sesuk sampeyan mangan apa?”.
“Sebab
gedhang mau luwih gedhe tegese kanggo Lutung. Perkara aku sesuk mangan apa,
kuwi Gusti Allah kang ngatur.”.
Krungu omongane Orangutan,
Kethek dadi sadhar. “Oh iya… Ya… Kelakuwanku ngene iki rak kuwalik. Tumindak
becik kok serik….”.